Kamis, 25 Desember 2014

Filled Under: , ,

Contoh Pidato Bahasa Jawa: Tugas Para Rasul


(Contoh Pidato Bahasa Jawa: Tugas Para Rasul)


Allah ngendika ing Al Qur'an Surat Ibrahim ayat 6:
 

Maknanipun: (Muhammad) Sira nyritakna lelakone Nabi Musa, nalika dhawuh marang para umate: "Sira padha elinga paparinge Allah kabungahe marang sira, kayata Allah wus paring slamet marang sira, luar saka panganiaya utawa pialane Fir'au sapunggawane, kang padha nganiaya marang sira, nindakake siksa kang siya-siya, apa dene mbelehi anak-anakmu kang lanang, dene anakira kang wadon padha diuripi. Kang mangkono iku dadi coba kang feghe sakan Allah Pangeranira.

Ing ayat punika Allah ngendika nyanyosaken Nabi Musa nalika ngemutaken bab pinten-pinten nikmat ingkang dipun paringaken dhateng piyambakipun (para umat). Kados pundi tiyang-tiyang kalawau sampun dipun luwari utawi dipun bebasaken saking siksanipun Fir'aun dalah sak punggawanipun. Kanthi mejahi bocah-bocah lanang lan nguripi bocah-bocah wadon, kang lagi lahir. Lan kabeh kang wus padha disandhang kang awujud tindakan sewenang-wenang, dak siya marang sapadha-padha titah utawa kawulaning Allah. Iku kabeh dadi pacobaning Allah kang gedhe. Sak banjure Allah mbebasake utawa ngluwari saka pacoban iku kabeh, kang ateges sawijining nikmat kang agung kang diparingake dening Allah marang wong Bani Israil iku.

Ing ayat 7 Surat Ibrahim Allah ngendika:


Maknanipun: Lan maneh sira padha elinga nalika Allah Pangeranira ngundhangake dhawuh mangkene: "(He wong Bani Israil) menawa sira padha syukur ing Allah mesthi peparing Ingsung kebungahan marang sira kang uwis, iku Ingsung tambahi maneh, nanging menawa sira maido marang peparing Ingsung kabungahan, sira bakal Insung patrapi siksa. Sumurupa siksaningsun iku luwih dening abot."

Ing ayat punika Allah ngendika, supados nikmat ingkang sampun kaparingaken punika sami dipun syukuri, inggih punika kanthi nindakaken sedaya dhawuh lan nebehi sedaya ingkang dados pepacuhipun Allah. Sarta Allah badhe tansah nambahi nikmat-nikmat punika wau. Nanging menawi sedaya nikmat saking Allah punika tansah dipun umpetaken mangka Allah ngancam badhe ndhawahaken siksanipun ingkang langkung awrat lan njabut sedaya nikmat ingkang sampaun dipun paringaken.

Musa ngendika dhateng umatipun: "Menawa sira lan kabeh manungsa ing saklumahing bumi iki padha ngumpetake nikmating Allah, kabeh manungsa ora gelem nyukuri nikmat mau, mangka babar pisan Allah ora butuh marang syukure wong-song mau." Kados ingkang kamot ing ayat 8 Surat Ibrahim:


Maknanipun: Nabi Musa banjur paring dhawuh: "He para sedulur ingsun Bani Israil kabeh, menawa sira dalah wong saisining bumi iki kabeh padha maido peparinge Allah kabungahe, Allah ora bakal eman utawa kogel anggone matrapi siksa."

Sumurupa Allah iku ora butuh marang para kawulane tur Allah iku Dzat Kang Pinuji.

Diriwayatake dening Muslim saka Abu Dzaar menawa Rasulullah SAW ngendika ing sawijining hadits Qudsi: Ingkang maknanipun Allah ngendika: He para kawulaningsun! saupama sira kabeh golongan manungsa lan golongan jin, wiwit kang kawitan nganti tumeka kang pungkasan, darbe ati siji kang taqwa ing antaranira. Kabeh iku mau ora bakal nambahi sawiji apa bae ing Kraton ingsun. He para kawulaningsun! Saupama sira kabeh saka golongan manungsa lan Jin, wiwit kang kawitan nganti kang pungkasan, darbe ati sawijining wong kang paling duraka, kabeh iku ora bakal ngurangi sawiji apa bae saka kagungan Ingsun (Kraton Ingsun). He para kawulaningsun! Saupama sira kabeh saka golongan manungsa lan jin, wiwit kang kawitan nganti pungkasan, kabeh mau padha ngadeg jejer padha nyuwun apa sing dikarepake, banjur Ingsun paringi kabehkang padha disuwun iku. Babar pisan kabeh kang wus Ingsun paringake mau ora ngurangi sethithikan bae marang barang darbek Ingsun. (Kraton Insun). Kajaba kaya dene sawijining dom kang dicemplungake ing samudra, banjur kang katut utawa nelesi jarum utawa dom mau (kang wus nyukupi kabeh kabutuhane para manungsa lan jin kang padha njaluk marang Ingsun.

Ing pungkasaning ayat 8 iku Allah ngendika: Sumurupa Allah iki ora butuh marang para kawulane tur Allah iku Dzat Kang Pinuji.

Iku kabeh dadi tugase para Rasul supaya ditekakake marang para umate.

Sumber: Rais, Adhiman Sudjuddin. 2002. Kultum Mirunggan Aqidah Islam Basa Jawi. Sukoharjo: CV. Cendrawasih.

Demikianlah artikel yang berjudul Contoh Pidato Bahasa Jawa: Tugas Para Rasul. Terima kasih telah meluangkan waktu Anda untuk membaca Contoh Pidato Bahasa Jawa: Tugas Para Rasul. Semoga Contoh Pidato Bahasa Jawa: Tugas Para Rasul bermanfaat bagi Anda semua.

0 komentar:

Posting Komentar